Jumat, 19 April 2024

Sejarah Komunitas Bahasa Jawa Serang

[Foto Ist]
Rabu, 11 Sept 2019 | 16:09 WIB - Gaya Hidup

lBC, Serang - Komunitas Bahasa Jawa Serang (BJS) puniku komintas saking group Facebook. Komunitas niki didamel kaping 17 Nopember 2010. Pendirine diantarane puniku Qizink La Aziva, Ibnu Marhas, lan Lhoe-lhoe Jhe.

Awal mulane komunitas puniki cuma khusus kangge para wartawan asal Serang sing biasa ngangge Bahasa Jawa Serang (Jawa Banten) ing dalem obrolan sedinten-dintene. Lambat laun katah masyarakat umum sing ayun gabung. Admin group laju ngebuka group puniki dados group terbuka sekitar pertengahan tahun 2011.

Sampe anggota group Komunitas BJS luwih saking 24.000 anggota. Selain saking Serang, Cilegon, lan wilayah Banten laine, anggota komunitas puniki geh wenten sing asal atawa netepe ning luar wilayah Banten bahkan sampe ning luar negeri, kados ning Arab, Qatar, Malaysia, Singapur, Prancis, Korea, lan liane.

Tujuan komunitas niki kangge ngelestarikaken lan ngebiasakaken anggota komunitas ngangge Bahasa Jawa Serang. Matak sedanten status/komentar ning group facebook Komunitas BJS diwajibaken ngangge Bahasa Jawa Serang.

Group puniki geh didamel kangge sareng-sareng anggota liane geginau Bahasa Jawa Serang, terutami bebasan. Sing boten antuk ning group BJS puniku status/komentar tentang politik praktis, nyinggung SARA sing bangkit damel permusuhan, status sing nyinggung pribadi/kelompok sanese.

Selain ngelestarikaken Bahasa Jawa Serang, komunitas niki geh aktif ning beragam kegiatan sosial, misale ngisungi bantuan ning lokasi bencana, bantuan pasien miskin, bantuan alat belajar kangge keluarga miskin, bedah rumah, lan liane. Kegiatan sosial anggota Komunitas BJS niki salah sios bentuk semanget motto BJS, "Cantelan lan Deduluran".

BJS geh sing taun 2010 ngelestariakeun tagline " Aje Kendor". Aje  kendor niku katah maknane.Aje  kendor kangge lestariakeun Jawa Serang, Aje Kendor Lestariakeun deduluran,Aje kendor ngebantu Wong kesusahan. sereng sanese.

Kangge dulur-dulur sing ayun gabung Komunitas BJS katuran gabung saos ning group Facebook.Boten bangkit Jawa Serabg geh Katuran . Geginau sesarengan.

#Ajekendor

#asliajekendor

#Cecantelandeduluran.[Jamal]

Redaktur: Arif Soleh
Bagikan:

KOMENTAR

Sejarah Komunitas Bahasa Jawa Serang
aulmummc zf

INILAH SERANG

1473 dibaca
Ilmuan Pertanian di Banten Diminta Miliki Lahan

HUKUM & KRIMINAL

1630 dibaca
Saat Nongkrong, Gembong Curanmor Diringkus

POLITIK

1277 dibaca
Jambore Komunitas Demokrasi, KPU Banten Utus 2 Relawan
Top